Biyen, Blambangan digegerake dening Kebo Marcuet, raksasa kang sirahe koyo kebo. Ratu Majapahit, Kencanawungu, janji: sopo hang biso ngalahake Kebo Marcuet bakal didadekake adipati lan dadi bojone ratu.
Dahulu, Blambangan digemparkan oleh Kebo Marcuet, raksasa berkepala kerbau. Ratu Majapahit, Kencanawungu, berjanji: siapa yang bisa mengalahkan Kebo Marcuet akan dijadikan adipati dan menjadi suami sang ratu.
Teko sakwijine pemudo gagah arane Jaka Umbaran. Nggowo gada Wesi Kuning, iyane tarung nglawan Kebo Marcuet pirang-pirang dino nganti menang.
Datanglah seorang pemuda gagah bernama Jaka Umbaran. Membawa gada Wesi Kuning, ia bertarung melawan Kebo Marcuet berhari-hari hingga menang.
Jaka Umbaran banjur dadi Adipati Blambangan kanthi gelar Prabu Minak Jinggo. Nanging Ratu Kencanawungu mbatalake janjine — Minak Jinggo dianggep sing pantes dadi bojone ratu.
Jaka Umbaran lalu menjadi Adipati Blambangan dengan gelar Prabu Minak Jinggo. Namun Ratu Kencanawungu membatalkan janjinya — Minak Jinggo dianggap tidak pantas menjadi suami ratu.
Minak Jinggo nagih janji, Majapahit nolak. Perang sing biso diendhani maning. Kanthi tipu muslihat, gada Wesi Kuning dicolong, lan Minak Jinggo gugur dening Damarwulan.
Minak Jinggo menagih janji, Majapahit menolak. Perang tak bisa dihindari lagi. Lewat tipu muslihat, gada Wesi Kuning dicuri, dan Minak Jinggo gugur di tangan Damarwulan.
Nang crito versi Mataram, Minak Jinggo digambarake olo rupane lan atine. Nanging kanggo wong Blambangan, iyane pahlawan hang mbela tanah kelairane nganti tetes getih pungkasan.
Dalam kisah versi Mataram, Minak Jinggo digambarkan buruk rupa dan hatinya. Namun bagi orang Blambangan, ia adalah pahlawan yang membela tanah kelahirannya hingga tetes darah penghabisan.
Semangat 'osing' — semangat sing gelem tunduk — iku hang diwarisake wong Osing Banyuwangi nganti saiki: netepi janji, mbela bener, tresno tanah kelairan.
Semangat 'osing' — semangat tidak mau tunduk — itulah yang diwariskan orang Osing Banyuwangi hingga kini: menepati janji, membela kebenaran, mencintai tanah kelahiran.